LAPURAN
WAWANREMBUG
Waktu Wawanrembug :
Minggu, 18 Agustus 2013, wegdal 16.00
Panggonan Wawanrembug : Wonten griyaniun Ibu Kristin,
Tunjungrejo Kidul.
Bab Wawanrembug : Produksi Keripik Gadung
Asil Wawanrenbug :
Devi : ”Nyuwun sewu bu, kula kalih rencang kula
badhe ndamel Lapuran Wawanrembug Produksi keripik Gadung”.
Ibu Trisulo : “Nggih mangga”.
Bella : “Kados pundi ndamel keripik gadung bu?”
Ibu
Trisulo : “Kados sepindah gadung di pun onceki, lajeng
di pun pasrah”.
Devi : “Mantun di pasrah, lajeng kados pundi?”
Ibu
Trisulo : “Lajeng di pun awoni kalih awu tumang, di pun
wadahi di tindes sedalu, injingipun di pun jemur setunggal – setunggal. Sampun
kering, di pun kempalake malih di pun rendem, di pun umbah di girah wongsal –
wangsul, kersanipun mboten mendemi (mabuk). Lajeng di pun godhog, di jemur
malih. Yen sampun garing, sampun kenging di pun goring (di pun dhahar) langsung
di pun kemas”.
Bella : “Njing menapa angsalipun ndamel keripik
gadung?”
Ibu
Trisulo : “Taksih wulan kepengker (sasi Juli)”.
Devi : “Pinten rencangipun ndamel”.
Ibu
Trisulo : “Tiyang 3 rencangipun ndamel”.
Bella : “Pinten kwintal angsalipun ndamel?”
Ibu
Trisulo : “Ngantos 2 kwintal dangunipun sedinten”.
Devi : “Pinten
dinten dangunipun mroses?”
Ibu
Trisulo : “Kirang langkung 1 minggu”.
Bella : “Matur nuwun nggih bu, wudjutipun mroses
gadung”.
Ibu
Trisulo : “Nggih sami - sami”.
Pelapor :
Anggota
Kelompok : 1. Sabdari Bella Chrisdian (27)
2. Devi Elisa Dostya A.Q. (06)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar